Jumat, 22 Januari 2010

Humor Surabaya 1

Cerito Khayal: Salesman

Kapanane onok Salesman Vaccum Cleaner teko nhik omahku.


Ewangku durung sempet ngomong opo-opo moro-moro salesman iku


mau langsung nyebarno tembelek wedhus ndhik karpet.



Jarene ngene "Wis pokoke buk, lek sampek vaccum cleanerku iki gak


isok nyedot, tak jamin tak emploke sithok-sithok tembeleke wedhus iku."


Jare ewangku "Peno kepingin didhulit sambel tha ngemploke ?".


"Lho opoko masalae ?" salesmane takok.


"Lha peno gak ndhelok tha saiki lampu mati ..."


 


Cerito Khayal: Rasa Stroberi tah .. .?

Pas acara perpisahan arek TK, setiap murid nggowo kado gawe bu gurune.

Sing pertama maju anake pedagang bunga.

Bu gurune ngambung kadone ambek mbedhek, "Isine kembang yo....".

"Seratus buat bu guru.." jare anake pedagang bunga.

Sing kedua maju anake wong dhodhol mracang.

Ambek bu gurune kadone dikocok-kocok. Wah iki rodok angel mbedheke, pikire.

"Isine permen yo...".

"Pinter bu guru.." jare anake wong dhodhol mracang.

Mari ngono, maju anake wong dhodhol es krim. Pas kadone diangkat,

dhadhak netes. Ambek bu gurune tetesane diincipi.

"Es krime rasa anggur yo..." jare bu gurune kemeruh.

"Salah..." jare areke.

"Rasa stroberi tah...?" bu gurune kemeruh maneh.

"Salah .." jare areke.

"Wis aku nyerah, rasa opo sih iku" takok bu gurune.

"Isinya anak anjing kok bu guru..."

Cerito Khayal: Ngentutan

Yuk Jah lungo perikso nang dokter.

"Opoko sampeyan ning ?" Jare doktere.

Yuk Jah terus cerito, "Iki lho dok, wis sak wulan iki aku malih ngentu-

tan.Sak jam isok ping sepuluh aku ngentut. Cumak untunge, entutku iku

gak mambu ambek gak onok suorone, dhadhi gak onok sing ngerti. Lha

iki pas aku longgo ndhik ngarepe sampeyan ae wis ping telu aku ngentut.

Tapi sampeyan gak ngerti tho, mergo iku mau, entutku gak muni am-

bek gak mambu. Cumak aku malih gak enak dhewe, mosok arek wedhok ngentutan ".

"Oh, ngono tah.. Lek ngono tebusen resep iki. Seminggu maneh mbaliko rene maneh" jare doktere.

Pas wis seminggu yuk Jah mbalik maneh nang doktere.

"Wis enakan tah ?" takok doktere.

"Aku gak ngerti obat opo sing dokter kekno wingi, cumak entutku saiki

kokambune malih bosok gak karuan. Sampek kudhu nggeblak aku. Tapi

untunge entutku sik tetep gak muni", jare yuk Jah.

"Berarti saiki irung sampeyan wis gak buntu maneh. Saiki tebusen resep ikiyo" jare doktere.

"Obat opo maneh iku pak dokter ?" takok yuk Jah.

"Obat kopok.."

Cerito Khayal: Lobang

Sakri ambek Nasip mlaku budhal mancing. Moro-moro Nasip ndhelok onok lobang guedhe.

"Eh ayok dites jerune sak piro se lobang iki" jare Nasip.

Sakri njupuk watu kali terus diuncalno ndhik lobang mau. Sui gak onok suorone blas... "Whuik jerune...," jare Sakri

"Watune kurang gedhe be'e, cobak kelopo" jare Nasip. Sakri njupuk kelopo terus diuncalno maneh ndhik lobang.

Sepiii gak onok suorone.... "Whuik jerune...," jare Sakri

"Sik golek sing luwih gedhe maneh," jare Nasip.

Mari golek-golek, arek loro iku akhire nemu beton bekas bantalane rel

sepur. Berhubung abhot, betone digotong wong loro terus disurung mlebu lobang.

Tapi yo ngono, suiii gak onok suorone... "Cik jerune lobang iki.." jare Sakri Moro-moro seko semak-semak, onok wedhus mlayu katene nubruk

arek loro. Selamete arek loro iku isok ngelesi, tapi sakno wedhuse sing kecemplung lobang.

Kagete jik durung ilang, moro-moro onok Wak Dri nggowo arit takok nang arek loro iku.

"He rek, kon ndhelok sing nyolong wedhusku tah ? Tak bacoke wonge !!!", takok Wak Dri.

"Wah gak ngerti Wak Dri, cumak sik tas ae onok wedhus kecemplung lobang iku" jare Nasip.

"Oo gak mungkin.. dhudhuk wedhusku lek sing iku, wedhusku mau tak cancang ndhik betone rel sepur "

Cerito Khayal: Avtur

Uwar ambek Joko koncoan apik, karo-karone kerjo ndhik Lanud Juanda

bagian pengisian BBM Pesawat.

Bengi-bengi pas udhan deres, Juanda sepi gak onok pesawat sing wani

mudhun, wong loro iku malih nganggur gak onok gawean.

"Adem-adem ngene enake ngombe yo" jare Uwar.

"Wah iyo tepak iki. Awakmu tau krungu tah lek avtur iku isok diombe

?" jare Joko.

"Yo tau se, jarene lek ngombe avtur isok mak busss !!..kon wani nyobak

tah ?" Uwar mulai gunggungan.

Mari ngono arek loro mbukak krane truk tanki avtur. Wis tuwuk ngombe

arek loro iku mulih terus keturon.

Isuke pas Uwar tangi, rasane awake sueger kuat. Moro-moro onok tilpun

muni, tibake Joko sing nilpun. "Yok opo kon War..?" jare Joko

"Wah whuenak, kon yok opo ?" jare Uwar.

"Awakku yo sueger pisan. Kon gak teler tah ?" jare Joko.

"Gak blas, aku yo gak ngelu blas. Wis pokoke enak. Mene nyobak

maneh tah ?" jare Uwar.

"Yo setuju, cumak aku kate takok, kon wis ngentut dhurung ?" takok Joko.

"Dhurung.." jare Uwar.

"Wah gawat iki. Wis pokoke kon ojok sampek ngentut yo. Diempet ae

sak kuatmu. ." jare Joko.

"Lho opoko masalae ..?" Uwar bingung.

"Soale aku saiki ndhik Banjarmasin.."

Cerito Khayal: Argowilis

Onok wong papat podho gak kenale numpak sepur Argowilis jurusan Suroboyo Bandung.

Sing pertama ibu-ibu umure sekitar 60an. Ketokane termasuk keluarga

ningrat lek ndhelok pacakane.

Sebelahe ibu-ibu iku onok cewek ayu koyok covergirl majalah umure sekitar 20an.

Ndhik ngarepe ibu-ibu iku mau onok tentara berseragam dinas, lengkap

karotanda jasane. Pokoke berwibawa, umure 50an.

Sebelahe tentara mau onok arek lanang gondrong umure 25an. Ketokane rocker.

Selama perjalanan, wong papat iku ngobrol macem-macem. Sampek

moro-moro sepure mlebu terowongan athik lampune mati, dhadhi peten-

gan pol. Wong papat iku malih meneng kabeh.

Gak sui moro-moro onok suoro pipi disun terus mari ngono suorone wong

dikaplok PLAK..!!!. Wis mari ngono sepi maneh.

Sing ibu-ibu iku mau mbatin, "Wah hebat arek wedhok sebelahku iki,

isok menjaga harga diri, gak gelem diperlakukan sembarangan".

Sing arek wedhok sebelae yo mbatin pisan, "Gak salah tah, sing ngesun

mau iku, wong onok arek ayu koyok aku kok malah nenek-nenek tuwek sing disun".

Lha sing tentara iku ambek ngusap-ngusap pipine sing kenek kaplok

melok mbatin pisan, "Jangkrik, gak melok ngesun tapi kenek kaplok. Dikiro

aku pengecut tah, lek aku gelem gak usah ngenteni peteng. Wah tersinggung aku".

Arek rocker iku karo ngempet ngguyu melok mbatin pisan, "Kapan

maneh rek, isok ngaplok kolonel gathik konangan. Padahal sing tak sun

mau iku tanganku dhewe".

Cerito Khayal: Mbah Jo

Mbah Jo dirawat ndhik rumah sakit. Jare doktere asmane wis kronis,

irungesampek dipasangi selang.

Wis pirang-pirang dino iki mbah Jo meneeng ae koyok wong koma, mri-

pate thok sing ketap-ketip. Dikiro wis wayahe mangkat, anake nyelukno

mudhin ben didungakno.

Pas mudhine enak-enak ndungo, moro-moro Mbah Jo megap-megap gak

isokambekan, raine pucet, tangane gemeter. Nganggo bahasa isyarat mbah

Jo nirokno wong nulis. Anake ngerti maksute, langsung dijupukno kertas

ambek pulpen.

Ambekmegap-megap, mbah Jo nulis surat. Karo siso-siso tenogone

mbah Jo ngekekno surate iku mau nang pak Mudhine. Ambek Pak Mud-

hine kertase iku mau langsung disaki, rasane kok gak tepak moco surat

wasiat saiki, pikire pak Mudhin.

Mari ngesaki surat pak Mudhin nerusno ndungone. Gak sui mari ngono

mbah Jo mangkat. Akeh wong sing kelangan, soale masio sangar, mbah Jo iku wonge apikan.

Pas selametan pitung dinane Mbah Jo, Pak Mudhin diundang maneh.

Mari mimpin ndungo, Pak Mudhin lagek iling lek dhe'e nganggo klambi

batik sing digawe pas mbah Jo mangkat. Lha ndhik sake lak onok titipan

surate Mbah Jo tah, waduh selamet iling aku rek, pikire pak Mudhin.

"Derek-derek sedoyo, onok surat seko almarhum Mbah Jo sing durung

taksampekno nang peno kabeh.

Lek ndhelok mbah Jo pas uripe, isine mestine nasehat kanggo anak

putune kabeh. Ayok diwoco bareng-bareng isi surate". Mari ngono pak

Mudhin ngerogoh surat ndhik sake, bareng diwoco tibake munine..

HE.. NGALIO DHIN !!! OJOK NGADHEK NDHIK SELANG OXIGENKU !!!

Cerito Khayal: Jin

Mari kekeselen ngerombeng gak oleh-oleh, Kayat katene ngaso ngisore

witasem, mripate nguantuk, sikile kemeng, wetenge lue.

Sik tas katene keturon, dhadhak sikile ngincak botol. Bareng botole

dijupuk dhadhak metu beluke, Kayat mencolot kuaget.

"Hua ha ha ha, jenengku jin botol, telu panjalukmu bakal tak turuti," jare jine.

"Gak percoyo aku, paling kon kate mbujuki aku.

Biyen aku iki guanteng lan sugih, lha saiki aku malih ireng mlarat koyok

ngene iki mergo dibujuki ambek jin" jare Kayat.

"Lho biyen iku be'e awakmu pethuk ambek jin kaspo, lha aku iki lak jin

apikan tah, dhadhi wis gak usah khawatir.

Opo maneh awakmu wis kadung koyok ngono, gak bakal isok luwih soro

maneh, wis tah gak rugi pokoke.

Lek gak percoyo, cobaken dhisik ae njaluk opo" jare jine maneh.

"Yo wis, awas lek awakmu mbujuki. Tak gibheng kon !!!. Sing pertama,

aku kepingin ndhuwe dhuwik sak karung," jare Kayat

"Meremo dhiluk.."jare jine. Ting... Pas melek moro-moro ndhik ngarepe

Kayat wis onok dhuwik sak karung, seket ewuan kabeh.

"Sik gak percoyo tah awakmu, saiki njaluk opo maneh .. ?" jare jine.

"Saiki .... aku njaluk omah mewah sak montore, pokoke lengkap sem-

barange." jarene Kayat.

"Meremo dhiluk.." jare jine.

Ting... Pas melek moro-moro Kayat wis nang njero omah mewah. Kayat

sueneng gak karuan.

"Lha saiki kari sithok panjalukmu sing isok tak turuti, pikiren sing teme-

nan cik gak getun" jare jine.

Ambek merem-merem mbayangno, Kayat njaluk, "Aku kepingin kulitku

malih putih wudho dirubung wong wedhok akeh".

Pas katene melek, samar-samar Kayat krungu suorone wong wedhok

rame ambek keroso awake dicekel-cekel. Tapi kok mambu iwak pindang,

pikire Kayat mulai curiga.

Bareng melek, Kayat kuaget lha kok wis nang tengah pasar, tibake Kayat

wis dhadhi tahu. . .

Urip Bebojoan: Kaspo thok ! ! !

Sudjak pamitan ambek bojone kate tuku rokok sedhiluk. Mari tuku rokok,

dhadhak Sudjak kepethuk bekas pacare biyen.

Gak keroso enak-enak sir siran dhadhak wis jam rolas bengi.

"Waduh blaen iki, isok mencak-mencak bojoku. Aku njaluk wedhakmu

sithik." jare Sudjak ndhik bekas pacare.

Mari njaluk wedhak, Sudjak pamitan mulih.

"Ndhik endhi ae peno iku Cak, tuku rokok nang Hongkong tah ?"bojone

mulai purik.

"Ngene lho dhik, mari tuku rokok aku pethuk cewek ayu terus dijak sir

siran sampek lali mulih" jare Sudjak.

"Cak.. cak.. modelmu ae athik sir siran barang.. sik ndhelok tanganmu

!!!" jare bojone Sudjak.

Pas didhelok, tangane Sudjak putih kabeh. "Kaspo thok . .!!! Mene

sampek konangan karambol maneh awas kon yo !!!"

Urip Bebojoan: "Rp. 200,000"

Sore-sore jam 3 onok tamu teko omahe Cak No.

"Kulo nuwun. Aku Kusen ning. Cacakmu onok tah ?" jare tamune.

"Sik durung mulih.. diluk ngkas paling, pinarak sik cak.." jare bojone

Cak No. Mari ngono arek loro malih asik ngobrol ambek ngenteni Cak No

mulih.

"Sik tah ning, lek tak sawang-sawang sampeyan iku ayu lho athik seksi

pisan" Kusen mulai ngerayu.

"Peno jok macem-macem lho, tak kandakno bojoku tebhal sampeyan"

jare bojone Cak No.

"Ngene lho ning, aku wis gak tahan maneh. Lek aku oleh sun pipi sam-

peyan pisan ae, dhuwik satus ewu iki jupuken"jare Kusen ambek ngetokno

seket ewuan loro.

Pikire bojone Cak No, mek disun thok ae, gak bakal konangan, opo-

maneh jamane krismon lak lumayan tah.

"Yo wis, tapi diluk ae yo". jare bojone Cak No.

Mari ngesun, Kusen ngekekno dhuwike.

"Tapi ning, aku sik gak lego lek gak ngesun karo-karone. Lek oleh ngesun

sitoke, tak kei satus ewu maneh" jare Kusen.

Pikire bojone Cak No, yo gak opo-opo se, paling mek diluk koyok mau.

Mari ngesun, Kusen ngetokno satus ewu maneh.

Bojone Cak No sueneng gak karuan, "Sing iki pisan cak... gae bonus",

jarene.

Mari ngono Kusen terus pamitan alasane kesuwen ngenteni Cak No gak

teko-teko soale katene arep onok urusan liyo.

Gak sui, Cak No mulih.

"Cak mau onok konco sampeyan teko jenenge Kusen, wonge antik pol.."

bojone cerito.

"Oh iyo pancen mbethik arek iku.. Jarene kate nyaur utang rongatus

ewu, wis dibayar tah?"

Urip Bebojoan: Mulih Gasik

Munawar, Sapari ambek Kelik kerjo ndhik pabrik paralon. Arek telu iki

wis sui koncoan apik, cumak sayang Kelik wonge rodhok ndlahom sitik.

Arek telu iki niteni, ben dino bosse mesti mulih ndhisiki, jam loro awan

ngono wis amblas.

Sui-sui arek telu iki mangkel kate melok-melok.

"Wis ngene ae rek, mene lek boss moleh awan, kene yo melok mulih awan

pisan" jare Munawar.

Menene temenan, jam loro awan bosse wis mulih. Langsung ae arek telu

iku melok amblas.

Munawar gak moleh tapi langsung nang bengkel mbenakno sekok sepeda

montore.

Lek Sapari mek salin thok terus budhal mancing.

Kelik thok sing mulih omah, langsung njujug kamar. Lawang kamare

dibukak alon-alon, karepe kate ngageti bojone. Dhadhak malah Kelik

dhewe sing kaget. Masalae pas lawange dibukak Kelik ndhelok bojone

lagi turu ambek bosse. Mari ndhelok ngono, Kelik nutup lawange maneh

alon-alon terus minggat.

Menene Sapari ngejak mulih gasik maneh, "Lumayan rek aku wingi oleh

tombro gedhe-gedhe".

"Ayok wis, aku tak melok kon mancing ae" jare Munawar.

Kelik thok sing gak gelem "Gak wis, gathik!!!. Kapok aku".

"Lho opoko kon iku.?" takok konco-koncone.

"Soale wingi aku meh konangan.."

Romlah: Kulit Mungsuh Kulit

Pak Imron ndhuwe anak wedok jenenge Romlah. Anake iki waduh uwayune pol.

Selain iku Pak Imron yo nduwe pembantu jenenge Soleh. Pembantune

iki areke mbethik. Masio Nakal tapi Soleh iku areke sregep, dikongkon sembarang mesti gelem.

Lha Soleh iku wis suwe ngesir Romlah. Berhubung de'e pembantu dadi

Soleh gak wani nggudho langsung.

Akhire Soleh oleh kesempatan....

Pas Romlah turu ndhik kamar, Bapake Romlah nyeluk Soleh tekok

kamare, "Leh . . Soleh, Bapak jupukno sandal ndhik kamare Romlah cepetan".

"Iyo pak, tak jupukno"jare Soleh, mari ngono Soleh mlebu Nang kamare Romlah

"Lah . . Romlah, aku dikongkon bapak ngesun pipimu" jare Soleh.

Romlah kaget lan gak percoyo, "Leh.. koen ojok kurang ajar lho. Engkok

koen tak kandakno Bapak."

Soleh terus mbengok banter," Pak..pak.. Romlah gak gelem pak."

Bapake Romlah emosi dibengoki Soleh, mari ngono ngomong banter,

"Romlah kekno ae, ojo nbantah perintahe Bapak." Romlah terpaksa

manut, terus pipine disun karo Soleh.

Mari ngesun pipine Romlah, Soleh njupuk sandale terus mblayu nang kamare

Bapak, "Pak.. pak, iki lho sandale sampeyan," jare Soleh.

Mari ngono Pak Imron metu tekok kamar. Pak Imron kaget ndhelok

Romlah Nangis, "Lah.. Romlah awakmu opoko kok Nangis".

"Aku mari diambung karo Soleh", jare Romlah.

"Opoo !!!" jare Bapake Romlah ngamuk, saking ngamuke sampek ngentut duuut.

"Leh ... Soleh koen kok wani ngesun Romlah !!!".

"Pak .. pak, sampeyan ngono ae kok ngamuk, iki lak cuma kulit mongso

kulit " jare Soleh.

Akhire Bapake Romlah gak sidho ngamuk didem-demi Soleh. Gak suwe

ibuke Romlah mulih tekan pasar.

Ibuke Romlah kaget pisan ndhelok Romlah nangis. Bareng ngerti lek

Romlah disun Soleh, Ibuke Romlah terus muntap, duren sing sik tas dituku

dijupuk terus digebekno nang raine Soleh.

Soleh nangis gerung-gerung ngrasakno lorone.

Mari ngono Bapake Romlah ngomong Nang Soleh, "Leh . Soleh, iku lak

cumak kulit mongso kulit ae. Mosok ngono ae wis Nangis".

"Pancene sampeyan iku gendeng Pak !! " jare Soleh ambek nangis.

Romlah: Gantine Soleh

Mari raine digebeg duren, akhire Soleh njaluk metu. Mari ngono, Pak

Imron oleh ewang anyar jenenge Sutaji. Lha Sutaji iku awake dempal

cumak wonge ndlahom, lek diperentah musti ngelakonine kewalik.

Isuk-isuk, Romlah ambek mboke ngrasani Sutaji.

"Mak, ewange Bapak iku lho wuantik poll wonge. Wingi lak dikongkon

Bapak ngedhuk sumur cik tambah jeru, lha terus lempunge digawe nguruk pekarangan.

Lha pas sore kate ngangsu, Bapak iku muring-muring nggoleki sumure

gak onok. Tibake jare Sutaji, sumure wis diuruk roto. Pekarangane sing

malah bogang kabeh.

Ngono Bapak gak wani, jarene wedhi digibheng ". Mboke Romlah cerito pisan."

Iku sik gak sepiro, lha wingi iku Sutaji tak kongkon tuku pithik. Aku

pesen tulung brutune buaken, terus susuke simpenen ngisore bantalku.

Dhadhak pas aku katene turu, bantalku kok mbendhol. Tibake bantalku

diganjel brutu. Bareng tak takoni endhi dhuwik susuke.

Wis tak buak, jarene." Pas enak-enak cerito, moro-moro krungu suoro

Pak Imron berok-berok ndhik pawon. "Tulung ! ! Tulung ! ! "

"Waduh blaen iki. Age cepetan, bapakmu selak mlonyoh kabeh" jare mboke Romlah.

"Lho Bapak lak sik mbangkong se" jare Romlah.

"Iyo. Tapi Sutaji mau tak kongkon nggodhok pohong gawe sarapane

Bapakmu !!".

Romlah: Telulas

Sore-sore Sutaji mlebu omah berok-berok, ambek raine ditutupi. Sak omah

melok gupuh kabeh.

Ambek mboke Romlah ditakoki, "Opoko awakmu iku, pencilakan koyok

tandhak bedhes ?"

Sutaji gak langsung njawab, pas tangane dibukak raine bundhas abang

kabeh. Lambene njedhir getien.

Mari diombeni banyu, Sutaji rodhok adem terus isok cerito ndhik Rom-

lah.

"Ngene lho. Aku lak mari ngandangno wedhuse Bapak ta. Lha aku

krungu akeh arek cilik-cilik bengok-bengok ambek kotekan ngene..telulas

teng teng teng... telulas crek crek crek... telulas teng teng teng . . . terus

ae dibolan-baleni. Tak goleki suarane tibake ndhik njero gardu hansip.

Tak dhelok gedheke bolong persis sak ndhasku. Saking penasaran onok

opo, gardhune tak cedaki, tibake suorone tambah banter... telulas teng

teng teng ... telulas crek crek crek ...terus ae.

Tak pikir paling iku arek-arek lagi totoan. Lagek ae ndhas ku njengongok

ndhik bolongan iku mau, moro-moro arek-arek iku nggepuki raiku ambek

kulit duren, godhong blarak, sapu, panci gosong, kentes hansip sembarang

kalir sampek bundhas kabeh koyok ngene.

Pas aku isok narik ndhasku, aku langsung plencing, mlayu sipat kuping.

Lha mari ngono arek-arek iku mau mbengok maneh . .pat belas teng teng

teng... pat belas crek crek crek...pat belas teng teng teng"

Romlah: Maling

Mari ngunci kandang sapi, Sutaji mergoki onok arek menek ondho katene

mlebu kamare Romlah.

Ambek Sutaji, ondhone digedrok-gedrok sampek malinge ceblok. Mari

ngono, malinge diseret dilebokno kandang ndhik mburi omah.

Mari klambine dicopoti kabeh, malinge iku mau dicancang nang cagak.

"Kapokmu kapan !!, mene isuk tak lapurno juraganku, saiki turuo ae

sing kepeNak" jare Sutaji.

Isuke Sutaji ngejak bapake Romlah marani maling sing dicancang Su-

taji. Bareng diparani tibake malinge semaput, awake pucet, peok, ambune

basin, ambek dhodhone abhang kabeh.

"Lho Ji, iki Na Togog sing mbiyen nginceng anakku. Waduh saknone

arek iki Ji, mari kon kelamuti tah Ji ?".

"Lha lapo aku ngelamuti maling !!!, sampeyan takokno dhewe Nang

areke". Mari diguyang banyu, malinge tangi maneh.

"Opoko kon iku Le?" jare Bapake Romlah.

"Ampun Pak... sak wengi aku bengok-bengok gak onok sing nulungi.

Pedhet sampeyan iku gak onok mboke tah ?".

Romlah: Mo Limo

Mari dikelamuti pedhet, Togog dilapurno nang polisi ambek bapake Rom-

lah. Ambek polisine Togog terus dilebokno penjara.

Tibake penjarane wonge sangar-sangar, brewokan, dempal-dempal akeh

tatone. Isine kiro-kiro satus, onok preman, jagal, bromocorah, korak lan

sak panunggalane.

Togog malih wedhi, opo maneh durung tau mlebu penjara. Pas wayahe

antri mangan, Togog mulai oleh konco.

"Awakmu wong anyar yo ?" jare konco anyar iku.

"Iyo . . ." jare Togog.

"Wis gak usah pusing, ndhik penjara iku malah enak. Mangan ditang-

gung, klambi dijatah, turu gak mbayar. Opo maneh ndhik penjara iki

awakmu isok nglakoni sing jenenge Mo Limo sak tuwukmu." jare koncone

Togog.

"Lho cik enake. Opo ae acarane ndhik kene ? takon Togog.

"Bengi iki malem Senen, acarane maling. Kabeh Napi ndhik kene saling

copetcopetan. Lha dhuwike bakal digawe main malem Seloso sisuk.

Awakmu arek anyar kudhu isok nyopet dhuwik sing akeh, mergone bi-

asane arek anyar sing dikongkon dhadhi bandare ", jare koncone Togog.

"Oo gak masalah iku, ndhik kampung aku tau dhadhi bandar buntutan.

Tapi lek digerebeg polisi yok opo ?" jare Togog.

"Katene digerebeg yok opo maneh, wong awakmu wis ndhik penjara.

Lha malem Rebone iku acarane minum. Biasane arek anyar koyok awakmu

dikongkon ngentekno bir limang botol", jare koncone Togog.

"Oo gak masalah iku, sepuluh botol ae sik kuat aku" jare Togog.

"Mari ngono, malem Kemise iku acarane madhat. Pokoke sembarang

onok, ganja, sabu-sabu, heroin, sak tuwukmu", jare koncone Togog.

"Wah tepak wis, lek aku senenge sabu-sabu. Tapi lek kecekel polisi yok

opo ?", jare Togog.

"Lek awakmu nyabu ndhik hotel, pasti digerebeg terus dilebokno pen-

jara. Lha wong awakmu wis ndhik penjara, katene dilebokno endhi maneh.

Wis tah, pokoke aman." jare koncone Togog.

"Wah sip lek ngono. Lha malem Jum'at acarane opo ? jare Togog.

"Awakmu homo tah dhudhuk ?" takon koncone Togog.

"Ngawur ae, aku iki normal rek !!! " jare Togog.

"Wah berat iki cak ", jare koncone Togog.

"Lho opoko masalae ? " takon Togog.

"Soale malem Jum'at, malem Sabtu ambek malem minggu iku acarane

madhon. Lha biasane arek anyar iku sing dhadhi wedhoke ".

 

 

[contact-form] [contact-field label="Nama Pengunjung" type="name" required="true" /] [contact-field label="Email Anda" type="email" /] [contact-field label="Komentar anda" type="textarea" required="true" /] [/contact-form]

Tidak ada komentar:

Posting Komentar