Sore-sore mari mulih angon, Bunali pethuk ambek Brudin.
"Waras ta !! " jare Brudin ndhik Bunali.
"Waduh dino iki aku meh mati disruduk celeng " jare Bunali.
"Lho kok isok ngono, yok opo ceritone ?" jare Brudin.
"Mau awan iku aku pethuk celeng, terus tak garai, tak kileni ambek
pring dhadhak nguamuk. Aku diuber-uber katene disrudhuk, untunge iku
celenge bolak-balik tibo kepleset, dhadhi aku sempet menek wit klopo".
jare Bunali.
"Waduh cik sereme, lek aku sing ngalami wis pucet kepuyuh-puyuh gak
karuan" jare Brudin.
"Lho, aku iyo ngono, kon pikir celenge kepleset opo ?"
Drakula
Onok drakula loro jenenge Kentus ambek Kentir Arek loro iki wis sak
wengi gentayangan golek mbun-mbunan gak oleh-oleh.
Wis meh katene isuk Kentir mbalik atik lambene abhang kabeh bele-
potan getih.
Ndhelok ngono, Kentus malih purik, "Waduh awakmu kok isok oleh getih
akeh ?".
"Awakmu kepingin tah ?. Ayo melok aku !!! " jare Kentir.
Mari ngono arek loro iku miber bareng. Gak sui terus anjlok ndhik
wuwungane bangunan.
"Awakmu kethok cagak gendero ndhik ngisor iku ?" takok Kentir.
"Yo kethok rek !! Sing cedhake pos satpam iku se ," jare kentus.
"Wah hebat awakmu . ." jare Kentir.
"Lho opoko masalae ? " takok Kentus.
"Soale aku mau gak kethok . ." jare Kentir.
Asmuni
Bunali lagi kulak sandal nang pasar. Moro-moro onok arek marani Bunali.
"Lho sampeyan iki Asmuni Srimulat yo?" takok arek mau.
"Dhudhuk !. Ngawur ae.!!" jarene Bunali.
"Ojo mbujuki aku tah. Sampeyan mesti Asmuni!" jarene arek mau
ngeyel.
Bolak-balik Bunali negesno lek dheke dhudhuk Asmuni Srimulat, tapi
arek mau tetep ae ngotot gak percoyo. Ndhik endhi ae Bunali ditututi
ambek arek iku mau.
Mergo mangkel, akhire Bunali ngiyakno, cik arek iku ndang ngalih.
"Yo wis tak akoni aku pancene Asmuni Srimulat!. Kate lapo kon !!"
"Tapi kok gak mirip blas yo?" jare arek mau ambek nginclik.
ASI
Yuk Jah lungo nang dokter anak ambek nggendhong bayek. Gak sui Yuk
Jah diceluk mlebu, tibake doktere guanteng.
Mari merikso bayeke, doktere takok nang Yuk Jah, "Ning, arek iki
ngombe ASI opo susu botol ?"
"ASI pak dokter . . ." jare Yuk Jah.
"Wah lek ngono tulung aku prelu merikso susu sampeyan, "jare doktere.
Yuk Jah nurut, klambine dibukak. Mari ngono ambek doktere diperikso
alon-alon. Yuk Jah seneng ae, soale enak ambek doktere kan ganteng
pisan.
Wis mari merikso, doktere ngomong ngene, "Waduh Ning, yo pantes
bayek sampeyan kuru, wong sampeyan iku gak ndhuwe susu."
Jare Yuk Jah, "Dhudhuk aku sing nyusoni pak dokter ".
"Lha sopo maneh lho ? ." doktere bingung.
"Aku iki ewange . ."
Mo Limo bag 2
Mari nilep dhuwik makelaran , akhire Bunali pindah omah nang luar
kota golek ketenangan. Dhuwike ditukokno omah ndhik walike gunung
kemukus. Ndesone pancen suepi gak onok wong blas.
Paling banter Bunali metu tuku kebutuhan sakwulan pisan, sisane yo
wis ndhik omah dhewekan gak onok sing ngeriwuki. Pokoke uripe tenang
dan damai gak onok sing ngganggu maneh. Sui-sui sakjane Bunali yo kroso
kesepian.
Kiro-kiro wis rong sasi, pas enak-enak nyruput kopi sore-sore moro-moro
onok wong sing dhodhok omahe Bunali.
"Kulo nuwun, kenalno jenengku Wonokairun, omahku kiro-kiro rong kilo
seko kene. Aku katene ngundang sampeyan mangan-mangan ndhik om-
ahku jam pitu bengi. ". jare tamune Bunali.
"Wah ketepakan, aku wis sui gak gumbul wong maneh. Yo wis aku tak
mrono. " jare Bunali sueneng. Mari ngono Wonokairun pamit.
Pas katene metu lawang, Wonokairun mbalik maneh, "Aku meh lali,
engkok onok ngombe-ngombe bir pisan."
"Wah gak masalah, aku wis biasa ngombe" jare Bunali.
Jik tas mlaku, Wonokairun mbalik maneh, "Aku meh lali maneh, engkok
onok sabu-sabu pisan, tapi ojok rame-rame lho yo".
"Lho ketepakan iku, aku wis sui gak nyabu maneh," jare Bunali maneh.
Wis tekan pekarangan, dhadhak Wonokairun mbalik maneh, "Sampeyan
seneng gendhakan pisan tah gak ?"
"Opo maneh gendhakan, aku wis rong wulan nganggur, yo mesti ae arep
rek. " Bunali tambah giras mbayangno.
"Yo wis tak enteni " jare Wonokairun.
"Lho Mbah, aku kudhu nganggo klambi opo, batikan tah sarungan thok
? " takok Bunali.
Wedhi karo bojo
Mari pegatan muntiyadi terus rujukan maneh karo romlah. Masalahe
muntiyadi cinta pol karo romlah.
Kapanane ndek kesatuanne muntiyadi, tentara diperintah baris. Tapi
komandan njaluk barisanne dibagi loro.
Barisan sing pertama tentara sing wedi karo bojone. Barisan sing kedua
tentara sing gak wedi karo bojone.
Pas komandan ngecek barisan. Barisan sing pertama akeh pol... Barisan
sing kedua cuman siji yo muntiyadi
Komandanne takok nang muntiyadi: Opo'o peno kok gak wedi karo bojo.
"Lho aku iki ndek barisan kedua, dikongkon karo bojoku" Jare muntiyadi.
Nostalgia
Pas wayahe bulan purnama, Muntiyadi ngejak Romlah ngelencer nostalgia
numpak bronpit.
Mari ngono, arek loro iku tekan mburine pabrik paku.
"Dik, yok opo lek awake dhewe mbaleni lakon limang taun kepungkur
pas pacaran biyen ?" jare Muntiyadi.
"Iyo cak, setuju." jare Romlah.
Mari ngono, Romlah dilungguhno ndhik pager wesi mburine pabrik paku
iku. Terus ambek Muntiyadi, Romlah dijak indehoi koyok jamane pas
pacaran biyen.
Moro-moro, Romlah lunjak-lunjak ambek awake horeg kabeh. Ndelok
bojone giras ngono, Muntiyadi tambah semuangat.
Wis oleh rong ronde, akhire arek loro iku nggeblak ceblok ndhik suket.
"Waduh dik, awakmu kok cik girase " jare Muntiyadi.
"Iyo cak, limang taun kepungkur, pager wesine gak onok setrume. ."
Semongko
Bunali lagi pusing soale kebon semongkone ben bengi dijarahi wong, pada-
hal lagi wayahe panen. Wis diakali macem-macem sik pancet ae akeh sing
ilang.
Jarene wong sing nyolong iku Wonokairun, tapi Bunali gak wani nangkep.
Akhire Bunali nemokno cara cik malinge kapok.
Sore-sore sak durunge mulih, Bunali masang papan peringatan sing onok
tulisane ngene, "Awas !!! Ati-ati lek arep nyolong. Salah siji semongkoku
iki wis tak suntik racun"
Mari ngitung semongkone sing mateng, kabeh onok limolas, Bunali mulih.
Sisuke Bunali nyambangi kebone maneh, pas di ijir semongkone sik
pancet limolas.
"Wah tibake malinge gocik, tak bujuki ambek pengumuman ae wis wedhi
" pikire Bunali.
Mari ngono Bunali ndhelok papan pengumumane ambruk, wah paling
ketiup angin, pikire Bunali maneh. Pas diwalik, tibake papan pengumu-
mane ditambahi tulisan ambek malinge,
"Awas !!! saiki onok loro".
Wedhus
Bunali pethuk Wonokairun lagi angon wedhus.
"Mbah, waduh wedhus sampeyan akeh yo ?" jare Bunali
"Yo lumayan " jare si Mbah
"Pira kabehe, Mbah ?" takon Bunali maneh
"Sing putih opo sing ireng ?"
"Sing putih, wis"
"Selawe"'
"Wik, cik akehe. Lha sing ireng?'"
"Podho..." jare Wonokairun ambek ngarit suket Bunali takon maneh.
"Mangan sukete yo akeh pisan, Mbah.."
"Yo.."
"Pirang kilo mangane sakdino ?"
"Sing putih opo sing ireng ?"
"Sing ireng, wis"
"Yo kiro-kiro limang kiloan"
"Lha sing putih?"
"Podho . . ."
Bunali bingung, laopo lek ditakoni kok kudu mbedakno sing putih tah
ireng, wong jawabane yo podho ae.
"Mbah, opoko lek tak takoni perkara wedusmu, sampeyan mesti leren
takon sing putih tah sing ireng barang. Padahal masiyo putih utawa ireng,
jawabanmu podho terus. Sakjane ngono onok opo?"
"Ngene lho, sing putih iku wehusku..."
"Lha sing ireng ?" "Podho . . ."
Bajak Laut
Muntiyadi pethuk ambek Gempil koncone sing dines ndhik angkatan darat.
Tibake Gempil iku saiki sikile sing kiwo yo dingklang pisan, ambek tangane
sing tengen tibake yo tughel digenti cathoke bakul beras. Sing luwih nemen
maneh, motone gempil kari sing kiwo. Moto sing tengen wis cumplung
ditutupi kain ireng malih koyok bajak laut.
"Lho Mun, sikilmu opoko ? " takok Gempil.
Mari ngono Muntiyadi cerito pengalamane kijolan sikile wong wedhok.
"Lha awakmu opoko kok mreteli pisan ?" Muntiyadi genti takok nang
Gempil .
"Pas aku patroli nang Aceh, sikilku ngincak granat, langsung puthul.
Pas iku onoke sikile sapi, berhubung aku gak gelem, akhire yo ngene sikilku
dhadhi mek sithok".
"Waduh cik apese nasipmu, lha tanganmu opoko kok digenti cathoke
beras ?" takok Muntiyadi maneh.
"Mari sikilku tughel iku mau, aku dirawat ndhik barak.
Moro-moro barakku dibom ambek mungsuh, kenek tanganku, langsung
tughel.
Pas iku onoke cathoke beras, timbangane gak onok blas, akhire aku
gelem. " jarene Gempil maneh.
"Wah kayal thok kon iku, lha motomu opoko kok cumplung pisan ?
Kelilipen granat tah ?" takok Muntiyadi maneh.
"Oo iku seje ceritone. Enak-enak cangkruk nyeritakno pengalamanku
iku mau, moro-moro onok manuk nembeleki mripatku ". jare Gempil.
"Wah kon iku tambah ngawur thok ae, lha mosok ditembeleki manuk
isok motone cumplung". Muntiyadi mulai gak percoyo.
"Lho iku dhudhuk mergo tembelek manuk" jare Gempil.
"Lho opoko ?" takok Muntiyadi. "Iku pas dino pertama aku nggawe
cathok beras".
Numpak Taksi
Muntiyadi mari mulih jogo kiro-kiro jam rolas bengi. Embong wis suepi,
gak onok bemo sing lewat, ojek yo gak onok. Muntiyadi malih merinding
disko opo maneh ketepakan saiki malem Jum'at kliwon.
Mari ngenteni sui, akhire onok taksi liwat, waduh lumayan pikire. Mari
mlebu taksi lungguh ndhik mburi, Muntiyadi terus ngandani supir taksine
njaluk diterno mulih nang Wiyung.
Mergo kekeselen, gak sui Muntiyadi langsung keturon pules.
Pas enak-enak turu, Muntiyadi moro-moro keroso taksine kok tambah
alon. Bareng didelok dhadhak supir taksine wis gak onok, tibake montore
mlaku dhewe.
Muntiyadi tambah gemeter pas ndhelok tibake taksine lagi ngeliwati
kuburan.
Mergo gak kuat nahan wedhi, Mutiyadi bengok-bengok ambek kepuyuh-
puyuh "Tolong !!. . .tolong !!".
Moro-moro seko jendelone taksi, onok endhase supir taksi njengongok.
Muntiyadi tambah pucet gak karuan, tibake supir taksine ngomong ngene.
"Hee cak . .ojok turu ae . .Ewangono nyurung, montore mogok iki lho.
."
Mercon
Kentir pethuk ambek konco lawase sing jenenge Kentus. Pas ketemu arek
loro iku podho kagete mergo Kentir ambek Kentus podho-podho sirae
petal, raine gosong ambek untune yo podho bogange. Arek loro iku takok
takokan opoko kok isok podho bocele. Kentir cerito lek raine rusak, sirae
petal, ambek untune ngowos mergo melok nyemprot kobongan ambek mangap.
"Pas aku mangap dhadhak onok elpiji mbledhos" jare Kentir. Mari
ngono Kentir takok nang Kentus opoko kok sirae petal.
"Mari teraweh aku nyumet mercon ambek rokok. Mari tak sumet, mer-
cone tak sawatno wong dhodhol soto terus ndhelik ambek ngisep rokok.
Dhadhak wonge ngerti, aku diuber terus sirahku digepuki pikulane soto"
jare Kentus.
"Lha lek raimu opoko kok gosong" takok Kentir maneh.
"Mari sirahku waras, aku merconan maneh. Mari tak sumet ambek
rokok, mercone tak sawatno wong dhodhol bakso terus dhelik maneh am-
bek ngisep rokok. Dhadhak aku ketemon maneh, aku diuber mari ngono
diguyang dhudhuhe bakso" jare Kentus.
"Wok nemen kon iku, ngono yo gak kapok. Lha lek untumu opoko kok
guwung kabeh ?" takok Kentir maneh.
"Oo lek iki seje ceritone. Pas katene nyumet mercon dhadhak onok arek
pacaran liwat"
"Kapok kon, mulakno tah ojok seneng nginceng. Paling kon digibheng
ambek sing lanang " jare Kentir kemeruh.
"Gak ngono ceritone . ." jare Kentus.
"Opoko lho . .?" takok Kentir.
"Aku lali . . . Rokokku sing tak sawatno. . ."
Kepiting
Romlah njaluk ditukokno kepiting gawe buko.
"Yo wis tak tukokno nang rolak" jare Muntiyadi.
"Lho gak numpak bronpit tah ?" takok Romlah.
"Gak wis, cik gak amis. Tak nyegat bemo ae" jare Muntiyadi.
Mari ngono Muntiyadi budhal nyegat bemo. Dhadhak ndhik bemo
Muntiyadi pethuk ambek bekas pacare biyen, jenenge Sablah.
"Lho cak Mun, kate nang endhi peno cak ?"takok Sablah. "Kate nglencer
golek angin . ." jare Muntiyadi.
"Sakjane aku kate kulak kain, tapi wurung ae wis, tak melok peno ae"
jare Sablah ngalem.
Mari ngono arek loro iku ngelencer nang musium Kapal Selam. Ndhik
kono lak isis tah, dhadhi gak keroso moro-moro wis sore.
"Waduh blaen iki, aku kudhu mulih, wis yo ." jare Muntiyadi.
Mari pamitan, Muntiyadi mampir nang rolak tuku kepiting diadhai kre-
sek. Mergo gopoh kabeh, pas katene mlebu pekarangan dhadhak kreseke je-
bol, kepitinge buyar kabeh. Ambek nggurak kepitinge, Muntiyadi bengok-
bengok
"Ayo cepetan sithik . .wis meh tekan iki " Krungu bojone bengok-
bengok, Romlah ambek muring-muring.
"Cak . .cak, cik guobloke se sampeyan iku. Lha mosok kepiting digiring
padhakno bebek ae. Mulakno kok sui. . ."
Wanita Besi
Sutaji gupuh kabeh marani kantor pulisi katene lapuran.
"Waduh Pak Pulisi, aku sik tas ae dinunuti Margaret Tatcher " jare
Sutaji.
"Sampeyan ojok macem-macem lek lapuran ." jare pulisine gak percoyo.
"Saestu Pak, asli aku gak mbujuk ". jare Sutaji.
"Lek ngono lapuran sing lengkap alon-alon. Sampeyan pethuk Margaret
iku nang ndhi ?" takok pulisine.
"Ngene lho ceritone Pak. Pas aku ngirim barang arep mlebu tol Waru,
moro-moro onok bule tuwek awe-awe njaluk nunut. Bareng wis munggah,
aku kuaget tibake wong bule iku Margaret Tatcher. " jare Sutaji.
"Lho kok sampeyan yakin lek iku asli Margaret Tatcher ?"takok Polisine.
"Aku yakine iku pas ngisi solar, dhe'e iku titip njaluk tukokno Mesran
Super, jarene ngelak. Lha sisane iku ditetesno mripate, jarene mripate
perih" jare Sutaji.
"Opoko ceritone kok dhe'e sampek isok nunut awakmu ?" takok pulisine
maneh.
"Ceritone iku, dhe'e lagi melancong nang Suroboyo, lha pas sampek
Demak dhadhak moro-moro dhe'e diuber-uber wong akeh, onok tukang
rombeng, onok juragan besitua. Kabeh iku nggowok timbangan dhewe-
dhewe kepingin ngiloni dhe'e.
Mergo wedhi, akhire dhe'e mlayu mbalik nang hotel. Pas arep tekan
hotel, dhadhak dhe'e pethuk ambek wong Timbang Badan. Begitu ndhelok
timbangan, Margaret tambah pucet kewedhen, terus mlayu maneh sampek
akhire pethukan ambek aku njaluk nunut.
Pas tak takoni arep nang endhi, jarene sembarang pokoke sing aman.
Akhire yo tak jak ngirim barang. Lha saiki iku aku arep lapuran ndhik
sampeyan lek Margaret iku ngilang maneh.
"Aku wedhi lek disalahno." jare Sutaji.
"Lho kapan dhe'e ngilang maneh ? " takok pulisine.
"Pas praotoku tak enggokno jembatan timbang "
Ketinggalan Sepur
Mari nglaporno margaret thatcher sutaji oleh tugas maneh seko kaji Im-
ron. Sutaji dikongkon ngeterno duwek rong juta gawe mbayar utange kaji
Imron.
"Pak .....duwek rong juta iki dikekno sopo" ? Takok sutaji.
"nggone Pak Bunali ndek Semarang" jare Pak kaji
"sopo sing ngeterno aku nang terminal sepur" jare sutaji maneh
"Ojo kuatir ..... gempil karo sujak ngancani awakmu sampek stasion
sepur" jare Pak Kaji.
Menene wong telu budal numpak sepur jurusan semarang.
"Sepure sek suwe rek .....ayok ngopi karo rokokan desek rek" jare Sutaji.
Akhire wong telu mau ngobrol karo guyon cekikikan ndek warung kopi.
Saking asyike guyon wong telu mau gak ngerti lek sepure kate budal.
Pas suorone sepur muni banter teett...tetttt ... arek telu mau kuaget.
Mari mbayar kopi arek telu terus mblayu nututi sepur. Gempil karo
sujak mblayune luwih cepet dadi sik isok mencolot mlebu nang sepur.
Sutaji ketinggalan ndek mburi ... akhire gak nutut .. wis .. ketinggalan.
Gak suwe sutaji terus ngguyu kuekel ..... ha ..ha ..ha ... Wong sing ndelok
..sutaji ... ono sing sakno .. ono sing bingung ... ono sing ngiro arek
gendeng. Satpame ndelok sutaji koyok ngono gak mentolo .. dipikir saking
sedihe terus dilampiasno ngguyu
"hei .. kon iku ketinggalan sepur kok malah ngguyu kekel opo' o?" jare
satpame Sing kate lungo iku sakjane aku ....
Sing numpak sepur kok malah sing ngeterno aku ...
SPG
Sore-sore onok cewek SPG teko nawakno panci nang omahe Wonokairun. "Kulo nuwun. " jare cewek iku ambek nyepot sandal.
"Oo monggo, monggo pinarak. "jare Wonokairun.
"Nuwun sewu pak, ibu wonten Pak ?" takok ceweke.
"Waduh bojoku gak ndhik omah ndhuk " jare Wonokairun.
"Yen ngoten, kulo ngerantos mawon " jare ceweke maneh.
"Lho monggo. Anggepen koyok omah dhewe ndhuk " jare Wonokairun
ambek ngejak cewek iku mau mlebu ruang tamu. Mari ngono tamune
ditinggal ngetren dhoro.
Pas Wonokairun mulih, tibake cewek iku sing lungguh nang ruang tamu.
Ketokane cewek iku wis kuesel ngenteni kudhu ngamuk ae.
"Ibu teng pundhi to Pak ?" takok cewek SPG iku.
"Bojoku lungo nang kuburan ndhuk" jare Wonokairun.
"Jam pinten mangke kondure ?" takok cewek iku maneh.
"Waduh gak weruh aku ndhuk. Wis onok limolas taun durung tau mulih
Njegur
Onok juragan tambak jenenge Sablah ngadakno sayembara.
"Sopo ae sing wani njegur nang tambakku, bakal oleh hadiah Sepeda
Montor." jare Sablah.
Akeh wong sing ngumpul ndhelok sayembarane, tapi gak onok sing wani
njegur nang tambak. Masalae tambake isine dhudhuk iwak tapi boyo,
nyambik, bajul lan sak panunggalane.
Mergo gak onok sing wani njegur, hadiae digenti dhadhi montor kijang
anyar. Tapi tetep ae gak onok sing wani njegur mergo merinding ndhelok
boyone guedhe-guedhe mangap kabeh.
Akhire ambek Sabalah hadiae ditambah maneh, montor kijang anyar
ambek omah sak isine. Tapi tetep ae gak onok sing wani njegur. Mari sepi
meneng kuabeh, moro-moro Muntiyadi njegur nang tambak.
Penontone keplok-keplok kabeh ndhelok Muntiyadi gelut ambek boyo.
Kiro-kiro wis sak jam, akhire Muntiyadi tampil sebagai pemenang. Cumak
yo ngono, awake dhedhel kuabeh. Wis mari ambekan, Sablah marani arep
nyerahno hadiae, tapi Muntiyadi nolak.
"Yo wis tak tambahi dhuwik limangatus juta"jare Sablah, tapi Muntiyadi
tetep nolak.
"Tak tambahi mas-masan sak kilo" jare Sablah maneh, Muntiyadi tetep
gak gelem.
"Wis ngene ae, awakmu njaluk opo ae, tak turuti"jare Sablah gak gelem
kalah.
"Aku njaluk arek sing njungkrakno aku mau digowo rene"jare Muntiyadi.
Numpak Taksi 2
Mari jogo bengi Muntiyadi mulih numpak taksi.
Timbangane sepi, Muntiyadi njawil supir taksine kate ngejak ngobrol.
Pas dijawil dhadhak supir taksine kuaget setengah mati. Saking kuagete,
sikile langsung mancal gas, montore langsung mencelat katene nyosop
warung.
Untunge, supire sik sempet ngincak rem, gak sidho nubruk. Muntiyadi
ambek supire podho pucete gak isok ambekan.
Pas wis tenang, Muntiyadi njaluk sepuro ambek takon nang supire opoko
dijawil ae kok kuaget.
Jare supire "Ngene lho cak, aku sik tas pertama kali iki nyupir taksi, lha
sampeyan iku yo penumpangku sing pertama pisan."
Muntiyadi bingung "Lho mbiyen sampeyan kerjone opo, kok isok sampek
kagetan koyok ngene ?"
"Aku mbiyen yo nyupir pisan" jare supir taksine.
"Supir praoto tah ?" takok Muntiyadi. "Supir montor jenasah . ."
Sepuluh Ewu
Wonokariun ngejak gendakane, jenenge Mbok Cempluk, perikso nang dok-
ter Bunali.
"Opoko sampeyan iku mbah, wong awake ketok tahes kok athik perikso."
takok dokter Bunali.
"Ngene lho dok, umurku iki wis 80 lha bojoku iki wis kewut pisan umure
75. Aku pingin takok opo sik oleh tah aku ambek bojoku iki main koyok
manten anyar ?" takok Wonokairun ambek isin-isin.
"Lho lek sampeyan gak onok penyakit yo aman-aman ae. " jare doktere.
"Wah tepak lek ngono, cumak cik tambah mantep, tulung aku ambek
bojoku diperikso. Lha terus mumpung ndhik kene, aku tak main ambek
bojoku nang kamar praktek sampeyan. Tulung dipantau mbok menowo
onok opo-opo." Jare Wonokairun.
Batine Bunali, sak umur-umur lagek iki ono pasien njaluk sing aneh
koyok ngene. Tapi wong jenenge dokter akhire panjaluke Wonokairun di-
turuti, mari jantunge diperikso, wong loro iku main tutupan layar. Lha
Bunali ngenteni jogo-jogo lek misale wong loro iku gak kuat terus jantun-
gen. Mari oleh rong ronde, Wonokairun ambek Mbok Cempluk metu ngguya-
ngguyu. "Yok opo dok, aman ae tah?" takok Wonokairun.
Ambek Bunali jantunge wong loro iku diperikso maneh, tibake pancene
sik kuat.
"Wis mbah, sampeyan sehat wal afiat. Ojok khawatir." "Suwun dok.
Piro ongkose ?" takok Wonokairun.
"Sepuluh ewu ae, wong sampeyan iku asline sehat." Jare Bunali.
Mari ngono arek loro iku pamitan mulih. Seminggu maneh, wong loro
iku teko maneh nang dokter Bunali. Persis koyok seminggu kepungkur,
njaluk diperikso jantunge, mari ngono njaluk dipantau pas main.
Bunali yo nuruti ae wong pancen tugase sebagai dokter. Mari oleh rong
ronde, Wonokairun ambek Mbok Cempluk metu ngguya-ngguyu.
"Yok opo dok, aman ae tah?" takok Wonokairun.
Ambek Bunali jantunge wong loro iku diperikso maneh, tibake pancene
sik kuat.
"Lak wis tak kandani, sampeyan sehat wal afiat. Ojok khawatir."
"Suwun dok. Piro ongkose ?" takok Wonokairun.
"Sepuluh ewu ae, wong sampeyan iku asline sehat." Jare Bunali.
Mari ngono arek loro iku pamitan mulih. Seminggu maneh, wong loro
iku teko maneh nang dokter Bunali.
Persis koyok seminggu kepungkur, njaluk diperikso jantunge, mari ngono
njaluk dipantau pas main. Bunali wis mulai ngersulo, tapi yo sik dituruti.
Mari oleh rong ronde, Wonokairun ambek Mbok Cempluk metu ngguya-
ngguyu.
"Yok opo dok, aman ae tah?" takok Wonokairun. Ambek Bunali jan-
tunge wong loro iku diperikso maneh, tibake pancene sik kuat.
"Koyok minggu wingi, sampeyan sehat wal afiat. Ojok khawatir."
"Suwun dok. Piro ongkose ?" takok Wonokairun.
"Sik tah mbah, aku katene takok. Sampeyan lak wis tak kandani lek
sampeyan iku sehat, laopo bolak-balik teko rene ngongkon aku mentelengi
sampeyan main.
Masio elek, aku iki dokter rek !!, dhudhuk wasit smack down."
Bunali mulai purik. "Ngene lho dok, aku iki wis muteri sak Suroboyo,
Mbenjeng, Balungbendo, Ndhiwek sampek Peterongan. Gak onok sewa
kamar sing ngisore sepuluh ewu ."
Pelabuhan
Muntiyadi oleh tugas jogo nang pelabuhan Tanjung Perak mulai isuk sam-
pek sore.
Isuk-isuk kiro-kiro jam enem, Muntiyadi pethuk ambek Togog numpak
sepeda gunung metu seko pelabuhan.
Muntiyadi curiga soale, sepedane Togog digandoli glangsing guedhe loro
kiwo tengen. Isine pasti sabu-sabu, utowo putaw pikire Muntiyadi.
Mergo curiga, Togog dicegat terus digeledah kuabeh mulai klambi, kathok
sampek kampes. Mari ngono isi glangsinge yo disuntek pisan, tibake isine
mek pasir thok. Gak onok nakobar blas.
"Kon laopo sepedaan nang kene ?" takok Muntiyadi.
"Ngene lho pak, aku iki seneng olahraga nang pinggit laut, angine enak."
jare Togog.
"Lho laopo sepedamu apik-apik athik kon gandholi pasir ?"takok Muntiyadi.
"Sepedaku iki enteng pak, cik rodhok abhot sithik yo tak gandholi pasir
iki." jare Togog maneh.
Pikire Muntiyadi yo masuk akal penjelasane Togog iki. Mari KTPne
diperikso, akhire Togog diculno. Sisuke, Muntiyadi pethuk Togog sepedaan
maneh. Mergo sik curiga, Togog diperikso maneh koyok wingi.
Akhire pancen gak onok opo-opo, isine glangsing cumak pasir thok, To-
gog terus diculno maneh. Kiro-kiro wis seminggu, Muntiyadi mulai bosen
merikso Togog. Dhadhi lek pethuk ben isuk mek manthuk thok, laopo
diperikso maneh wong mek pasir.
Selama telung taun akhire ben isuk Muntiyadi pethuk ambek Togog
numpak sepedaan. Arek loro iku malih dhadhi konco apik, kadang-kadang
Togog ditraktir ngopi lek isuk.
Mari ngono Muntiyadi dipindah tugase mbalik nang markas besar, gak
tau pethuk ambek Togog maneh. Suatu hari, pas Muntiyadi mangan nang
restoran, dhadhak pethuk Togog maneh. Tibake Togog iku sugih, montore
sedan anyar.
Bareng kethok onok Muntiyadi, genti Togog sing nraktir. Ambek man-
gan, arek loro iku ngobrol.
"Gog, terus terang ae sakjane aku iki sik curiga ambek awakmu. Aku
yakin sakjane awakmu iki penyelundup, gak mungkin awakmu isok sugih
koyok ngene. Saking ae aku gak isok nemokno barang bukti. Lha saiki
aku wis gak jogo nang kono, wis tah awakmu ngaku ae ojok khawatir,
selama telung taun wingi sakjane awakmu iku nyelundupno opo?." takok
Muntiyadi penasaran.
"Sepeda . . ."
Sayang anak
Muntiyadi oleh tugas penyerbuan nang sarange GAM.
Repote, anake Muntiyadi sing jenenge Tole umure sik sepuluh taun gak
gelem ditinggal njaluk melok. Mergo sayang anak, akhire Tole dijak pisan,
mari mulih sekolah langsung melok numpak pesawat.
Nang pesawat wis onok koncone Muntiyadi jenenge Togog ambek Gem-
pil. Pas nang awang-awang, dhadhak mesin pesawate mbrebhet terus mati.
Wong papat iku mau mulai pucet kepoyoh-poyoh royokan parasut. Lha
masalae parasute iku mek telu, padahal wonge onok papat termasuk Tole
anake Muntiyadi.
Mergo wedhi kedisikan, Togog langsung nyaut parasut terus terjun metu
pesawat. Mari ngono Gempil gak gelem kalah, melok nyaut parasut terus
terjun pisan. Muntiyadi terus rundingan ambek anake, sopo sing kudhu
ngalah soale parasute kari sithok.
"Le anakku, parasut iki gawe awakmu ae, masa depanmu sik dhowo.
Bapak mek titip salam gawe mbokmu yo Le."
"Pak, sampeyan wis gak usah mbrebes mili, ngisin-ngisini markas besar
ae. Iki lho parasute sik onok loro. " jare Tole.
"Lho kok isok ngono, lak mau wis disaut Togog ambek Gempil ?"Muntiyadi
heran.
"Sing disaut Om Togog iku mau tas sekolahku . . ."
Lali
Sore-sore Wonokairun nangis gerung-gerung ndhik pinggir embong ambek
napuki sirahe. Gak sui Bunali liwat, begitu ndhelok onok wong tuwek
nangis langsung mandhek nakoni.
"Mbah, laopo sampeyan nangis ndhik pinggir embong ?" takok Bunali.
"Aku ndhuwe bojo anyar ndhik omah, sik tas ae tak rabi, umure 20 taun,
sik enom, ayu, semlohe. " jare Wonokairun ambek nangis.
"Lho lak enak se sampeyan, laopo kok nangis lho ?. " Bunali mulai
bingung.
"Ngene lho cak, wis ayu, bojoku iku yo pinter masak. Opo ae kari njaluk,
jangan asem, rawon, brengkes, sembarang sing enak-enak pokoke. " jare
Wonokairun.
"Lha kurang opo maneh sampeyan Mbah. Ngono kok sik mewek ae. "
Bunali tambah bingung.
"Mari ngono yo, bojoku iku setia pol ambek aku. Lek onok sing nggudho
langsung dikandhakno aku. " jare Wonokairun maneh.
"Lek ngono ceritane, lha terus opoko sampeyan kok nangis gerung-
gerung gak mari-mari ?" Bunali wis gak sabar meneh.
"Aku lali ndhik endhi omahku . . . ."
Ndlahom
Muntiyadi bingung nggoleki bojone. Mari munyer-munyer sepedaan, akhire
ketemu. Muntiyadi kuaget, tibake Romlah lagi ndhodhok ndhik tengah la-
pangan, waduh sempel wong iki pikire. Seko pinggir embong Muntiyadi
mbengoki bojone.
"Ooooiii !!! Laopo kon ndhik kono dik" jare Muntiyadi ambek bengok-
bengok.
"Lho sampeyan gak kethok tah, aku lagi numpak perahu nang tengah
segoro" jare Romlah.
"Waduh dik, mulakno wong ngarani awakmu ndlahom, wong kelakuanmu
pancene koyok ngono. Ayok ndhang mulih, ojok ngisin-ngisini aku" jare
Muntiyadi emosi.
"Gak gelem aku cak, wong aku lagi enak-enak golek iwak "jare Romlah.
"Mulih tah gak !!!" jare Muntiyadi muntap.
"Gak gelem!! " jare Romlah.
"Tak gibheng lho yo !!!" jare Muntiyadi.
"Rinio lho lek wani !!" jare Romlah.
"Oo... saking ae aku gak isok renang"
[contact-form] [contact-field label="Nama Pengunjung" type="name" required="true" /] [contact-field label="Email Anda" type="email" /] [contact-field label="Komentar anda" type="textarea" required="true" /] [/contact-form]
hahaha....ngakan aku pek moco
BalasHapus